Maret 2009

'29 Maret' - Tim F1 debutan Brawn Grand Prix kanthi pembalapipun Jenson Button kanthi ngagètaken mimpang ing salebeting GP Australia 2009. (detikSport)

27 - Banjir bandhang amargi jebolipun tanggul Situ Gintung, ing Kalurahan Cirendeu, Ciputat Wétan, Tangerang Kidul, njalari 300 griya risalan kèli. Gunggungipun aréal ingkang karendhem toya ngantos 10 héktar. Kurban tiwas wonten 99 jiwa.(Kompas)

20 - Israèl dipunanggep nglaksanakaken kadurjanan perang nalika nyerang nglawan kaum Palèstina ing Gaza, pungkasan taun kapengker lan wiwitan taun punika, miturut Duta PBB. (Reuters via Yahoo!)

17 - Présidèn Madagaskar, Marc Ravalomanana, masrahaken kakuwasanipun dhumateng kaum militèr ingkang nyengkuyung pamimpin oposisi, Andry Rajoelina. (Reuter)

'9 Maret 2009' - Prajurit Perang Donya I saking Karajan Manunggal ingkang sepuh piyambak, pinaringan pangaji saking Prancis. (AP via Yahoo!)

6 - Morgan Tsvangirai ngalami kacilakan mobil. Garwanipun tiwas. (Nu)


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy